Tema : Kreativitas
njaga lingkungan kanthi ngolah sampah, ngestarikake lingkungan supaya ora
rusak.
P
: Sugeng enjang bu.
N
: Sugeng enjang, ana perlu apa? Lungguh dhisik kene !
P
: Maturnuwun bu, amargi sampun maringi wekdal sonten punika kagem mbahas daur
ulang sampah
organik lan sampah anorganik. Bu, kula badhe tanglet menawi caranipun njaga
lingkungan kanthi cara sing efektif kaliyan daur ulang sampah.
N
: Oo, carane kuwi kudu milah – milahi sampah antarane sampah organik lan
sampah anorganik, supaya loro karone
bisa dimupangatake.
P
: Punapa sampahipun kados dipunpisahaken?
N
: Dipisah amarga sing sampah organic bisa digawe pupuk kompos lan sing
anorganik bisa didaur ulang dadi barang sing anyar.
P
: Punapa kemawon mupangitipun menawi tumindak kados menika?
N
: Mupangate ya akeh banget, antarane bisa gemi lan stiti amarga akeh sampah
sing dibuang lan wis ora kanggo, bisa
ngurangi tugase pemerintah kanggo ngurusi masalah kebersihan, ndadekake
lingkungan sing bersih lan sehat, lan mupangate sing paling uama yaiku melu
partisipasi kanggo ngolah sampah utawa njaga lingkungan sing sehat, lan isih
luwih akeh maneh mupangate.
P
: Sampah organik menawi saget dipundamel punapa malih?
N
: Bisa kanggo pupuk kompos, kanggo bahan nggawe bioethanol.
P
: Lan menawi sampah anorganik menawi saget dipundamel punapa malih?
N
: Bisa kanggo penggantine pajangan sing regane larang, diganti karo cara daur
ulang sampah, antarane : sampah plastik, kaca, kertas, logam, lan liya –
liyane.
P
: Dados wonten kathah caranipun menawi saget ngirangi kathahipun sampah utawa
volume sampah.
N
: Iya, sampah bisa dimupangatake nggawe akeh cara.
P
: Bu, kula ngaturaken panuwun ingkang kathah sampun maringi kawruh ngengingi
ngolah sampah lan njaga lingkungan kanthi caranipun ingkang efektif.
N
: Ya, yen ana sing ora jelas utawa kurang jelas bisa mrene maneh.
P
: Inggih bu, sugeng enjang
N
: Sugeng enjang.